Table of Contents
Goleka tuladha paribasan, bebasan lan saloka
Berikut ini adalah contoh dari Paribasan, Bebasan, dan Saloka :
Contoh Paribasan :
- Anak catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga
- Keplok ora tombok, tegese melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake ragad
- Blaba wuda, tegese merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan
Contoh Bebasan :
- Kocak tandha lukak, tegese wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe
- Sedhakep nggawe-awe, tegese wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin kepingin nindhakake maneh
- Ngubak-ngubak banyu bening, tegese nggawe kerusuhan ing papan kang tentrem
Contoh Saloka :
- Gajah ngidak rapah, tegese wong kang nglanggar wewelere dhewe
- Sumur lumaku tinimba, tegese wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
- Lahan karoban manis, tegese wong bagus utowo ayu rupane tur becik bebudhene
Pembahasan
Berikut ini pengertian dari Paribasan, Bebasan dan Saloka :
- Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg pepanggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
- Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg pepanggone, mawa tegese entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sesipatane wong utawa barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kahanane utawa tindak-tanduke.
- Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake wonge.